NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK I


Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
Harya penangsang gugur

BABAK  I

Paraga:
1) Adhipati Harya Penangsang,
2) Prameswari,
3) Putri Ayu,
4) Patih Mentaun,
5) Pangeran Timur,
6) Soreng Rono,
7) Soreng Rangkut,
8) Sunan Kudus

Kawontenan:
Ing pasewakan agung Kadipaten Jipang, Adhipati Harya Penangsang kasandhing garwa prameswari lan putrinipun nampi sowanipun para nayaka praja (Patih Mentaun, Pangeran Timur, lan para prajurit sarta emban)

Antawacana:

Harya P: Paman Patih Mentaun!
P. Mentaun: (mendel mawon, ngantuk)
Harya P: Paman Patih Mentaun! (duka)
P. Mentaun: Wonten dhawuh katimbalan kanjeng adipati (cekoh, gurawalan)
Harya P: Kepriye kahananmu Paman?
P. Mentaun: Awit berkah pangestu panjenengan, anggen kula sowan tansah pinaringan karaharjan, mboten kantun sembah pangabekti kula mugi konjuk, gusti! (nyembah)
Harya P: Ya, daktampa, ora liwat puja pangestuku tampanana Paman.
P. Mentaun: Sanget anggen kula mundhi gusti!
Prameswari: Semanten ugi kula kakangmas adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk kang mas. (nyembah)
Harya P: ya … ya … atur pangabektimu sun tampa, ara liwat puja pangestuku tampanana, lan diprayogakake anggonmu lungguh, prameswari!
Prameswari: Ngestokaken dhawuh kang mas.
P. Timur: Mboten kantun, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk kang mas. (nyembah)
Harya P: Dak tampa pangabektimu, banjur kepriye pakaryanmu?
P. Timur: Awit ndherek pitedah Panjenengan, mila pakaryan kula lumampah kanthi sae. Para    soreng, para prajurit sampun kula gladhi olah kanuragan. Pusaka lan sedaya ubarampening perang sampun cumawis. Menawi sawanci-wanci Panjenengan ngersakaken sedaya sampun sumadya.
Harya P: Pancen yen dak pirsani, sakabehing para nayaka praja ora ana sing nglirwakake jejibahanne, ora ana sing wani ninggalake pasowanan, ora ana sing wani nerak tatananing praja. Yen pancen isih ana nayaka praja sing wani nerak marang tatanan, sira sing dak paringi panguasa, paringana pidana marang nayaka praja iku.
Putri  Ayu: (nyembah) Kanjeng rama adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti. Lan kula ugi badhe matur bilih sadaya jejibahan kula sampun rampung. Anggen kula gladhen olah beksan sampun rampung. Kula sampun saged beksan bedhayan, gambyong lan sanesipun.
Harya P: Pinter lan ayu tenan kowe Putriku, ya  patrap sing kaya ngono iku kang sun gegadhang rina lan wengi. Minangka putri adhipati, kowe kudu bisa dadi tepa tuladha para wanita sakadipaten Jipang. Jeneng kita kudu bisa nglestarekake kabudayan kang edi peni, ben ora kakikis karo kabudayan manca kang ora karukaruan wewujudane.
Prameswari: Mboten namung menika lho kang mas, Putri Ayu menika pranyata ugi wasis mbenthang jemparing. Piyambakipun wasis olah kaprajuritan.
Harya P: Banget bombong rasane penggalihingsun, yaiki putrane Harya Penangsang (nebah dhadha gemujeng) Ha…ha…ha…Kowe kudu ngerti sedela maneh kanjeng ramamu iki bakal dadi ratu ing tanah Jawa. Ngertia kowe kabeh dak jarwani, yen anggonku mbalela marang Pajang iku sejatine ora kok linambaran rasa meri, drengki, srei, ananging Panjenengan ingsun iki nagih waris. Sejatine, Ya Panjenengan ingsun iki sing anduweni hak dadi raja ing Demak, awit Panjenengan ingsun iki putra wayah Raden Patah sing ngedekake Negara Demak Bintara.
P. Mentaun: Inggih leres, Panjenengan leres, mila kula tansah ndherek kersa Panjenengan Gusti.
Harya P: Yen ing wingi aku wis mateni sedulur misanku dhewe sing aran Prawata … raja ing Demak, ya jalaran Prawata iku sing mateni kanjeng ramaku ya Pangeran Surawiyata, ya putra mbarep kanjeng eyang Raden Patah.
P. Timur: Prawata merjaya Kanjeng Rama, awit eguh pertikelipun paman Trenggana ingkang kagungan melik dados raja ing Demak.
Harya P: Iya bener, Paman Trenggana kagungan putra papat, sing mbarep aran Prawata raja ing Demak, banjur Ratu Kalinyamat  bojone Hadiri ing  Jepara,  sing nomer telu Ratu Mas Cempaka bojone Hadiwijaya ing Pajang, sing pungkasan Rangga Jumena ing Madiun.
P. Mentaun: Demak, Jepara, lan Pajang samenika manunggal mengsahi Panjenengan Gusti. Malah dening Hadiwijaya punjering kraton Demak sampun dipun liyer ing Pajang.
Harya P: Ora dadi apa, Arya Penangsang ora bakal ulap, awit kanggone panjenengan ingsun… numpes putrane paman Trenggana  iki mujudake kewajiban ingsun… sing sepisan  males patine kanjeng Rama Surawiyata... kaping pindho mbalekake kajayaning Demak, sing saiki dirampas Hadiwijaya ing Pajang.
P. Mentaun: Prawata sampun pejah, Hadiri bojone kalinyamat sampun pejah, sekedap malih kantun Hadiwijaya ing Pajang ingkang badhe nyusul.
P. Timur: Punten ndalem sewu Kang Mas.
Harya P: Iya, kepriye Timur?
P. Timur: Menawi kepareng, kula badhe caos atur…ananging mbok menawi atur kula menika mboten mranani dhateng penggalih Panjenengan.
Harya P: Ora dadi apa, enggal matura!
P. Timur: Padudon ing antawis trahipun Kanjeng Rama Surawiyata lan trahipun Kanjeng Paman Trenggana menika sampun dangu, lan sampun kathah bantenipun. Sampun kathah prabeya, nyawa, wekdal, lan tenaga ingkang kabucal kangge nglabuhi padudon menika.
Harya P: Kanggone Harya Penangsang… ndonya sakisine bakal dak korbanake, sauger anak turune paman Trenggana kelakon tumpes kelor.
P. Timur: Ananging menika…menapa mboten nama “rebut balung tanpa isi”!
Harya P: (jumeneng) Yen dak rasak-rasakna…omonganmu kok kaya ora sarujuk…lamun Jipang padudon karo Pajang! Apa kowe wedi karo Hadi Wijaya?
P. Timur: Mboten kok kula ajrih dhumateng Sultan Hadi Wijaya, ananging menawi kula pikir…padudon menika mboten badhe wonten karampunganipun. Mesakaken para kawula ingkang sejatosipun mboten ngertos kendhang kempulipun perkawis ananging ndherek kenging awunipun.
Prameswari: Kula kinten, leres aturipun yayi Timur menika Kang Mas, jalaran… wiwit Panjenengan  ngedekaken gendera perang lumawan Pajang…ati kula tansah kraos was sumelang mikiraken kasugengan Panjenengan Kang Mas.
Harya P: (duka) Yayi prameswari !...kowe ora usah melu cawe-cawe ing bab iki, iki urusane wong lanang! Yayi Timur!!!
P. Timur: Nuwun inggih Kang Mas.
Harya P: Kena dak paribasakake “cincing-cincing klebus, ambyur pisan”, ora maelu nganti sepira gedhene korbane…sing baku Hadi Wijaya kudu mati. Iki darmaku minangka satriya… saiki endi darmamu marang wong tuwamu ya Kanjeng Rama Surawiyata?
P. Timur: Tumpraping kula, taksih kathah margi kangge ngetingalaken darmaning putra dhumateng tiyang sepuh.
Harya P: Cukup!!! … Kowe ora pantes dadi wong lanang, ora pantes dadi adhine Harya Penangsang! Yen kowe ora sarujuk karo Harya Penangsang…minggata,…minggata saka kene!!
P. Timur: Mboten usah panjenengan tundhung kula badhe kesah saking Jipang(jumeneng), mboten wonten paedahipun kula ngawula ndherek Panjenengan!
Harya P: Minggata…mingggata!!! (majeng badhe ngrabasa P.Timur)

(Pangeran Timur mlajeng, Prameswari nyandhet Harya Penangsang)

Prameswari: (njerit) Kang Mas!!!  Kula aturi emut kang mas!!! Pangeran Timur Menika Rayi Panjenengan Kang Mas!!! Mangga kula dherekaken Pinarak kang Mas.
Harya P: (pinarak) Tujune iki mau kok penggak! Yen ora…sida ajur ndhase Timur iki mau.
Prameswari: Duka nggih duka, ananging menawi badhe tumindak mbok dipenggalih rumiyin!
Harya P: (napas landhung) Adhem rasane penggalih ingsun, angger krungu aturmu yayi. Putriku! (noleh dhumateng Putri Ayu) Mbesuk yen kowe wis diwengku dening priya, kowe uga kudu bisa nuladha kanjeng ibu mu.
Putri  Ayu: Inggih kanjeng rama, nanging sinten ta rama ingkang purun kalih kula? Kula menika rak tasik alit.
Prameswari: (nyela) Ya akeh ta ndhuk, bocah ayu tur manis kaya awakmu iku mesthi akeh sing ngarepna!
Harya P: Ora usah ndadak mbok tutup-tutupi, aku wis dilapuri guru mu…jarene kowe asring semayan karo bocah lanang kulon kali.
P. Mentaun: Inggih leres, Putra Panjenengan menika “kirang ing candra, kathahen rupa”. (godheg-godheg) Ck…ck…ck … bocah kok ayune sundhul langit. Menawi kula taksih enem kula inggih purun kok njenengan pendhet mantu.
Prameswari: Wow, bandhot tuwa ora nyebut! Wis mambu lemah kok ya isih weruh wong ayu!
P. Mentaun: Menika namung gojegan kok kanjeng. Kula inggih sampun mboten kiyat, boyok kula sampun linu.
Harya P: Ha…ha…ha…wis…wis..wis mentaun, ... saiki  ingsun kepingin ngerti kepriye asile Soreng Rana lan Soreng Rangkut anggone nindakake kewajiban merjaya Hadiwijaya ing Pajang. Yen ora kleru iki wis ana limang dina saka anggone budhal, nanging nganti saiki kok durung bali.
P. Mentaun: Ampun kuwatos gusti, Soreng Rana lan Soreng Rangkut mesthi kasil,… awit sasanesipun piyambakipun mbeta pusaka Panjenengan ingkang nami Brongot Setan Kober ingkang ampuhipun kagila-gila, bidhalipun inggih sampun kula petung … kula tata kanthi jlimet. Bidhalipun ing dinten Jemah Kliwon mlebet saking sisih kidul. Jemah menika sanga… Kliwon enem … dados dhawah gangsal welas.
Harya P: Dadi mesthi kasil?
P. Mentaun: Miturut etangan kula mesthi kasil, etangan kula mboten nate mleset!
Harya P: Nanging ya gene,  nganti seprene kok durung ana kawusanane, …atiku krasa ora kepenak.
Prameswari: Kula suwun ingkang sabar kang mas! Ing njawi kok kapireng swanten rame, ketingalipun wonten ingkang badhe sowan.

(Soreng Rono lan Soreng Rangkut mlebet, saking keri mbeta bungkusan bebana)

S. Rono+S. Rangkut: Kula ingkang sowan gusti!
Harya P: Ha…ha…ha…kene…kene…rada maju. Lagi wae dak rasani….hla kok kowe sakloron wis teka. Kepriye asile pakaryanmu?
S. Rono+S. Rangkut: (sesarengan) Saderengipun kula matur, kula ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk kanjeng adhipati!
Harya P: Ya…dak tampa sembah pangabekti, saiki enggal matura…selak ora sabar aku!
S. Rono: Dinten Setu Legi …kula lan adhikula sampun kalampahan dumugi ing Pajang, sasampunipun cekap anggen kula ningali kawontenan, dalunipun kula mlebet ing gapura  supit urang. Adhikula Rangkut ngrapalaken aji sirepipun.
S. Rangkut: Inggih, kenging aji sirep kula…para prajurit ingkang jagi sami ndlosor …tilem ing jogan.
Harya P: Haa..ha..ha…pinter kowe!  He…prajurit liyane! Yen  kowe pengin mulya…tirunen Rono lan Rangkut !  Banjur?
S. Rangkut: Kula lan kang mas Soreng Rono mlebet ing tilam padununganipun Sultan Hadiwijaya, kula lajeng ngunus pusaka Panjenengan…Kyai Brongot Setan Kober…
S. Rono: Kadadak wonten sardula kembar ingkang nyamber dhateng kula lan adhikula.
Harya P: Kuwi pangapite Hadiwijaya!
S. Rangkut: Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !
Harya P: Mati Sardulane?
S. Rono: Ajur sawalang-walang…Gusti!
Harya P: Haa…ha...ha…banjur!
S. Rono: Ajuripun sardula nyarengi medalipun bajul kawan dasa..Gusti!
Harya P: Kuwi tunggangane Hadiwijaya!
S. Rangkut: Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !
Harya P: Mati bajule?
S. Rono: Ical wewujudanipun bajul kawan dasa.
Harya P: Haa…ha…ha…Brongot Setan Kober pancen ampuh tenan, sabanjure?
S. Rono: Kula mbukak slambu, ing mriku ketingal Sultan Hadiwijaya Sare kanthi kemulan jarit sutra.
S. Rangkut: Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !
Harya P: Mati Hadiwijaya?
S. Rono: Dereng gusti, awit wonten lesus ingkang nyamber kula lan adhikula?
Harya P: Kuwi aji lembu sekilan! Banjur?
S. Rangkut: Kula ambali malih, kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !
Harya P: Modar Hadiwijaya?
S. Rono: Dereng gusti, awit nyarengi Sultan Hadiwijaya Wungu…malah kula kesampluk kenging pucuk slimutipun ngantos kula dhawah lutak ludira Gusti!
Harya P: Ora maelu kowe mutah getih apa ora, sing gati Hadiwijaya mati apa ora? (duka)
S. Rangkut: Dereng gusti, ngantos samenika taksih sugeng.
Harya P: Banjur saiki kepriye?
S. Rono: Sultan Hadiwijaya menika priyayi luhur gusti…ing ngatasipun kula menika pandung ingkang badhe nyidra nyawanipun…kula mboten dipun pidana …malah dipun ganjar bandha donya (nedahaken bebananipun). Menika nedahaken bilih panjenenganipun menika priyayi ingkang berbudi bawa leksana (ulatipun semringah)
Harya P: Guoblok…bodho…pinter kebo kowe! (jumeneng) Hadiwijaya…iku mono ngina marang Haryapenangsang (pinarak  malih). Saiki endi…endi Kyai Brongot Setan Kober! Aku dhewe sing bakal mateni Hadiwijaya!
S. Rangkut: Samenika Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya.
Harya P: Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya? (muntab)
S. Rangkut: Inggih, ngendikanipun Kyai Brongot Setan Kober kaampil…badhe kangge iris-iris brambang…mangke sasampunipun rampung badhe kawangsulaken.
Harya P: (jumeneng nyaketi Soreng) Soreng-soreng cubluk … mung nggedheke wadhuk…!

(Harya Penangsang ngajar Soreng Rono lan Rangkut, katungka rawuhipun Sunan Kudus saking keri
lajeng nyandhet dukanipun Harya Penangsang)

S. Kudus: Sabar…sabar…sabar, Soreng ... kowe mundura!
S. Rono+S. Rangkut: (sesarengan)Inggih Kanjeng Sunan, kula nyuwun pangayoman (ngrerepa)
S. Kudus: Dak aturi sing sabar …Jebeng Harya Penangsang. Pinarak …apa-apa iku kudu dirampungi kanthi petung.
Harya P: Nanging para Soreng menika sampun tumindak lepat…mila kedah kula ajar!
S. Kudus: Innallaha ma’ashobirin, Allah tansah sumandhing karo wong-wong kang sabar! Pinarak ya Jebeng…mengko dak rewangi mrantasi reruwet iki!
Harya P: (pinarak) Inggih, kula manut.
S. Kudus: Sejatine para soreng iku ora luput, sing luput iku malah Jebeng Harya Penangsang!
Harya P: Hlo… kok kula ingkang lepat?
S. Kudus: Saiki aku dak takon, …para Soreng iki bandhing apa ora…karo Sultan Hadiwijaya?
Harya P: Menawi kasandhingaken kadosdene timun mengsah duren,…Soreng menika timun… Hadiwijaya durenipun.
S. Kudus: Ya ing kono iku lupute Jebeng Harya Penangsang…wis ngerti timun kok ditandhingake karo duren. Duren iku tandhingane ya kudu karo duren.
Harya P: Duren tandhingane kudu duren?…(Jumeneng) Mentaun!!! Siagakna titihan ku  sigagak rimang! …Ingsung dhewe sing arep ngadhepi Hadiwijaya! (njangkah majeng)
S. Kudus: (jumeneng) Panjenengan badhe tindak Pajang? Panjenengan sangu menapa?
Harya P: Pusaka piandel paringane panjenengan , Kyai Brongot Setan Kober!
S. Kudus: Saiki endi barange?
Harya P: (nggrayang geger) Ooo inggih…Kyai Brongot Setan Kober dipun kantunaken munyuk-munyuk kalih menika! (nuding soreng)
S. Kudus: Kendel kudu nduwe piandel. Bener kudu dilambari pinter, supaya tumindake pener.
Harya P: Menawi mekaten kula kedah tumindak menapa?
S. Kudus: Jebeng Harya Penangsang! Saiki aku dak takon…sepira gedhene tekade Jebeng Harya Penangsang kepengin males ukum marang patine wong tuwamu…ya Pangeran Surawiyata lan sepira gedhene tekadmu mbalekake kajayaning Demak Bintara?
Harya P: Dhuh…Kanjeng Sunan Kudus…Rama Ja’far Shodiq…Sampun gilig tekad kula… Kanggening kula…langkung sae kula pejah mbrodhol usus kula…tinimbang kula mboten saged males pejahipun tiyang sepuh kula, lan mboten saged mangsulaken kajayaning Demak Bintara.
S. Kudus: (ngendikan manteb) Niyat suci iku kudu linambaran rasa ikhlas trusing batin, jalaran … yen ora, mengko pakertimu mung nurutake hardaning hawa nepsu. Kamangka nepsu iku ajakane syetan… syetan iku ngajak marang karusakan.
Harya P: Inggih ing bab menika, kula ingkang rumaos kirang.
S. Kudus: Jebeng Harya Penangsang! Ngene ya, sadurunge aku masrahake Brongot Setan Kober. Aku lak wis meling. Yen Brongot Setan Kober iku anduweni sipat panas. Kamangka panas iku bisa ngobong apa wae, kalebu ngobong ati kang suci. Mula kalamamun Brongot Setan Kober wis bali ing astane Jebeng Harya Penangsang... Jebeng Harya Penangsang kudu bisa meper hawa nepsu.
Harya P: Inggih kula emut, rumiyin nalika kula ndhepe-ndhepe nyuwun Kyai Brongot Setan Kober dhumateng Panjenengan kula sampun janji ing bab menika.
S. Kudus: Hadiwijaya…ing mengkone yen mbalekake Brongot Setan Kober ... iku mengko mesthi lumantar Kudus. Mula … yen sliramu kepengin ketemu ijen padha ijen karo Hadiwijaya tumekaa ing Kudus.
Harya P: Mekaten kanjeng sunan! Inggih kedadosan menika ingkang kula tengga!
S. Kudus: Dak kira cukup semene, aku enggal bali ing Kudus. Mentaun!
P. Mentaun: (ngantuk, mendel mawon)
P. Timur: (njawil mentaun) Wa…wa … Mentaun ditimbali kanjeng sunan.
P. Mentaun: Wonten dhawuh katimbalan kanjeng sunan (cekoh, gurawalan). Ngapunten kula ngantuk awit saben dalu tansah wungon.
S. Kudus: Sing ati-ati anggonmu ndherekake bendaramu. Lan Marang kowe Ni mas Prameswari sing sabar lan aja pegat anggonmu tirakat ya!
Prameswari: Ngestokaken dhawuh kanjeng lan ndherekaken sugeng tindak.
S. Kudus: (medal)
Harya P: Timur! Supaya ora kedhisikan Hadiwijaya…sesuk sakdurunge srengenge mlethek … siagakna jaran tungganganku sigagak rimang. Yayi Prameswari! Samektaake sakabehe ubarampe… Panjenengan ingsun ngersakake budhal ing Kudus. Mentaun! Pasewakan kabubarake.

(Harya Penangsang medal tumuju kanan panggung kadherekaken garwa putra, Mentaun,  lan
 para soreng nyembah lajeng medal tumuju keri panggung)

0 Response to "NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK I"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel